Cerita Lucu Pak Warna Bu Warni

Cerita Lucu Pak Warna Bu Warni-Wingi sore bar taraweh, Warna katon anteng ora ana swuarane, karo maca buku cilik. Warni bojone kepingin ngerti kok tumben Warno sing biasane nglesis udud,.lha kok saiki maca buku. Mula Warni.nyedhaki karo takon: "maca apa ta pak, kok serius banget olehe maca buku. Lha ning kok katon sedhih ta pak?". 
Warno: "Lha critane pancen gawe sedhih kok bune, nganti aku ki njur dheleg-dheleg".
Warni: "lha iya mung maca buku wae kok ya nganti dheleg-dheleg ta pakne".
Warno: "Ora dheleg-dheleg ki piye ta bu wong crita akhire gawe sedhihe ati kok". 
Warni: "Byuuh byuuh pak, lha wong maca crita sedih wae kok direwangi dheleg-dheleg ta ya, iku rak ya mung karangan, ora tenanan, istilahe crita fiktif, ngono kae ta pak?" 
Warno: "Bune, iki dudu crita fiktif tapi nyata, tenanan kok piye ta bu"
Warni: "Lha ya nek ngono sing sampeyan waca mono jane buku apa lan critane bab apa ta pak, kok sajak sentimentil banget kaya bocah ABG wae".
Warno: "Ora gawe dheleg-dheleg lan mumet piye wong saya suwe saya dadi cilik dhelok maneh entek". 
Warni: "lha ya buku apa lan critane apa ta paaak.....aku kok ya njur kepikiran bapak dheleg-dheleg iki mau".
Karo ngulungke bukune Warno.kandha: "iki lho nek ora percaya, saldone tabungan kok saya suwe saya cilik dhelok maneh entek, mangka wis meh riyaya, njur kepiye bune?"
Warni: "Oalah tibake nggethu iku mau maca buku tabungan ta....? wis rasah dipikir abot2 ta pak, wong awake dhewe ya mung kari wong loro thil. Anak-anak wis padha mandiri, mengko bada ya mangan apa anane wae. Lho bapak lali ya...? jarene para PNS, TNI lan Polri rak arep oleh rapelan karo gaji kaping 13 ta. Biasane pensiunan rak ya oleh ta pak najan mung thithik dibandhing sing isih padha nyambut gawe".......ujare Warni kaya mitralyur, karepe ngayem-ngayemi sing lanang. .............
cerita

Klik disini untuk melihat cerita menarik lainnya


0 Response to "Cerita Lucu Pak Warna Bu Warni"

Post a Comment