Cerita Ngimpi Mati

Ngimpi Mati - Aku sering crita yen aku gampang banget ngimpi. Saben dina meh mesthi ngimpi. Ngimpine werna-werna. Kadhang lucu, kadhang serem, kadhang ketemu wong ayu-ayu.

Ngimpi mau ya tak tegesi pinangka kembange wong turu wae, ora dak tegesi, ora dak tafsirake. Kejaba mau, yen ngimpi elek-elek, adate awak kurang sehat, ngimpi ketemu wong ayu-ayu kuwi yen suwe ora ketemu mbok wedok.

Lha sawatara dina kepungkur aku ngimpi mati. Ing impen mau aku wis mati, anehe awak ya isih wutuh kaya wong sehat, nganggo sandhangan biasa. Banjur lunga menyang kuburan. Ing kana padha antri arep dikubur. Sing antri ana sawatara uwong, kabeh nganggo sandhanga biasa. Wong-wong mau, klebu aku padha nggawa kertas sak suwek, isine nomer urut dikubur. Dadi sing dikubur gantian siji-siji urut nomer mau.

Anehe (jenenge wae ngimpi), ing kuburan kono ana kanca sekolah biyen akeh, salah sijine wis mati sawatara wulan kepungkur. Kabeh padha nunggu wong dikubur. Wektu iku aku ora omong marang kanca-kanca yen wis mati.

Sawatara ngobrol, aku banjur walaka marang kanca-kanca mau yen sejtine aku wis mati. Karo nangis aku nyuwun kanca-kanca mbantu ngurus penguburanku. Nomor urut mau dak pasrahke salah sawijining kanca.

Aku banjur tangi. Kaget lan ya wedi uga. Apa bakal cepet mati tenan? Aku ya mikir, apa iki merga awak kurang waras? Apa impen-impenen mikir tangga? Kawuningan, tangga jejer omah setahun kepungkur sing putri seda amerga kena kanker. Rong wulan kepungkur, kakunge seda ndadak, amerga kena serangan jantung, malah aku uga melu ngedusi. Kaluwarga iki ninggal anak wadon siji, kuliahe (S1) durung rampung. Rong minggu kepungkur ana tanggaku 100 meter saka omah uga, amerga kanker, kamangka dhek biyen wis digawa menyang Singapur barang lan wis mari. Lha kok sawatara dina kepungkur, kakunge digawa menyang Singapur uga, jarena uga kena kanker. Kaluwarga iki uga mung anak wadon siji lan sekolahe (S1) ya durung rampung. Mesaake yen kelingan tanggaku mau. Apa iki sing njalari aku ngimpi mati?

Esuke aku banjur gawe cathetan penting. Kabeh nomer rekening bank duwekku, rekening dhuwit yayasan sing dak cekel, rekening dhuwit kanca-kanca kumpulanku, kartu kredit, dak cathet kabeh. Jebul rada akeh cacahe.

Banjur dak tulis uga piutang lan utang-utangku kabeh. Sawise rampung ‘dokumen’ penting lan cathetan mau dak ‘print’ lan dak simpen. Aku banjur kandha bojoku, bab impenku. Semono uga dak duduhke nggone dokumen mau dak simpen. Dadi yen sawektu-wektu mati tenan bojoku ora bingung nggoleki cathetan mau.

Aku ngucap syukur marang Gusti Allah kang wis ngelingake aku yen titah mono sawayah-wayah bisa ditimbali. Siap ora siap.

Mangkono critan impeku kanthi ngoko, jalaran yen ngagem krama inggil kok isih bingung.
Dhumateng kadang sadaya, kula nyuwun gunging pangaksama sadaya kalepatan kula dhumateng pajenengan sadaya. Punapa sikap kasar, omong dora, ngapusi, lsp. Sinaosa kula estu badhe enggal sowan ing ngarsaning Gusti Allah utawi dereng titi wancinipun. Menawi panjenengan rumaos wonten kalepatan dhumateng kula, kula ikhlas atur pangaksama. Nuwun.

Klik disini untuk melihat cerita menarik lainnya

0 Response to "Cerita Ngimpi Mati"

Post a Comment